Sabtu, 14 Januari 2012

BIODATA PAHLAWAN DALAM BENTUK BHS.JAWA

KI HAJAR DEWANTARA

Ki Hajar Dewantara sing asmane nalika timur R.M. Suwardi Suryadiningrat, dilairake ing Yogyakarta nalika tanggal 2 Mei 1889. Sawise lulus ELS (Sekolah Dasar Walanda) banjur nerusake menyang STOVIA ing Jakarta. Marga saka kahanan, Ki Hajar Dewantara ora nutug ing STOVIA. Sabanjure nyambut  gawe dadi wartawan.
Nalika tanggal 25 Desember 1912, Ki Hajar Dewantara bebarengan karo Douwes Dekker lan dr. Cipto Mangunkusuma ngedegake perkumpulan Indische Partij. Perkumpulan sing gegayuhane mbudi amrih bangsa Indonesia bisa uwal saka penjajah Walanda.
Amarga gegayuhane sing luhur iku, penjajah Walanda ora seneng. Mulane Ki Hajar Dewantara dipidana kanthi dibuwang menyang Negara Walanda.
Dhasar priyayi kang luhur bebudine lan madhep mantep anggone mbelani nusa lan bangsa, sanajan ana ing Negara manca, wektune digunakake kanggo ngangsu kaweruh babagan pendidikan. Sawise kondur menyang Indonesia, Ki Hajar Dewantara gedhe kawigatenen kanggo majuning pendidikan. Tanggal 3 Juli 1992, Ki Hajar Dewantara  ngedegake pawiyatan Taman Siswa.
Sawise Indonesia merdeka, Ki Hajar Dewantara dadi Menteri Pendidikan Pengajaran dan kebudayaan kang kapisan. Uga dianugrahi minangka “Bapak Pendidikan Nasional”. Sesantine Pendidikan sing kondhang nganti saiki yaiku “Tut  Wuri Handayani”. Tanggal 28 April 1959, Ki Hajar Dewantara seda, disarekake ana ing Yogyakarta. Kanggo jasane menyang nusa lan bangsa, dina wiyose yaiku tanggal 2 Mei dipengeti minangka “Hari Pendidikan Nasional”.

1 komentar: