Sabtu, 14 Januari 2012

“Pidhato Pamitan ing Acara Perpisahan Kelas IX”


Assalamu’alaikum Wr. Wb.
Bapak Kepala Sekolah ingkang satuhu kinurmatan; Bapak/Ibu Guru ingkang kula bekteni; rencang-rencang saha adhik-adhik ingkang kula tresnani.
Puji syukur sumangga kita aturaken dhumateng Gusti ingkang Maha Agung, ingkang sampun paring rahmat sarta hidayah dhumateng kita sedaya sahingga saged kempal  ing papan punika kanthi wilujeng kangge ngawontenaken acara perpisahan kelas IX.
Bapak/Ibu Guru ingkang kinurmatan, kula pinangka wakilipun putra-putri kelas tiga, keparenga kula matur wonten ngarsa panjenengan.
Ingkang sepisan, kula ngaturaken agunging panuwun ingkang tanpa upami, awit Bapak/Ibu Guru sampun nggula wenthah dhumateng kula sarencang sadangunipun tigang taun. Sadaya kasaenan Bapak/Ibu Guru mugi-mugi pikantuk piwales saking Gusti ingkang Maha Agung.
Ingkang kaping kalih, kula nyuwun  pangapunten sadaya kalepatan kula ingkang kasengaja saha boten sak dangunipun tigang taun punika. Mugi-mugi Bapak/Ibu saha adhik-adhik keparenga paring pangapunten.
Ingkang kaping tiga, kula sarencang nyuwun pamit nilaraken pawiyatan punika, saha nyuwun donga pangestu mugi-mugi kula sarencang kepareng nglajengaken dhumatheng pawiyatan ingkang kaidham-idhamaken.
Ingkang kaping sakawan, kula tansah ugi dedonga mugi-mugi Bapak/Ibu saha adhik-adhik tansah pikantuk rahmat saking Gusti ingkang Maha Agung. Lan saklajengipun pawiyatan punika saya tambah majeng lan tambah kuncara. Amien…
Kula kinten cekap semanten atur, kiranging tata krami saha  kalepatan basa, kula nyuwun agunging pangapunten. Billahi taufiq wal hidayah,

Wassalamu’alaikum Wr. Wb.


Tidak ada komentar:

Posting Komentar